PASA ROMADHAN

Ing wulan Romadhon iki para umat Islam pada nindakake kuwajiban pasa kang dimaksudake kanggo budidaya ngendalikake hawa napsu kanthi lelaku nyegah (sesirik) dahar lan ngunjuk ing wanci siyangratri, awit saka mletheke srengenge nganti angslupe srengenge. Tujuan pasa ora liya kanggo dadar sepiro bobot keimanane utawa ketaqwaan umat marang kang gawe urip Gusti Kang Murbeng Dumadi. Laku pasa uga duwe tujuan kanggo gembleng kesabaran, rasa tepa sira, lan kawicaksanan urip marang sapadha-padhaning titah. Mula ora mokal manawa sapa wae kang bisa nindakake pasa kanthi ikhlas lan temen-temen bakal ngundhuh wohing katentreman. Ananging uga ora aneh manawa wong kang ana sajroning laku pasa bakal nemahi goda kang maneka warna kanggo mbadarake laku pasane.
Ing jagating budaya Jawa uga ana laku sesirik kang diarani tapabrata utawa laku brata, tirakat utawa nglakoni prihatin. Tapabrata tumrap wong Jawa dadi salah sijining kewajiban urip ing alam donya, amarga kanthi laku brata dadi sarana kanggo olah jiwa, mbanta hawa napsu, lan latihan rasa pangrasa. Malah miturut kepercayan Jawa laku brata diyakini bisa dadi sarana kanggo nggayuh kamulyan lan maneka kebutuhan urip ing alam donyo, kayata amrih kasembadan anggone nggayuh drajat, pangkat, lan semat. Ing Serat Wulang Reh tembang Kinanthi nuduhake paedahe wong kang nindakake pasa utama sesirik: “Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling”. Contone wong kang seneng laku prihatin digambarake ana tembang Sinom kang karipta dening Mangkunagara IV (1768-1820), “Nuladha laku utama, tumraping wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudanen hawa lan nepsu, pinesu tapabrata, tanapi ing siyang ratri, amemangun karyenak tyasing sasama”.
Tapabrata akeh jenise, miturut Nnebel ing cerita Darmakuma jenis tapabrata kayata: tapa ngalong kang ditindakake kanthi cara ngantungake sikil ana duwur sirah ana ngisor, tapa ngluwat yaiku semedi ana panggonan kang keramat, tapa bisu yaiku nahan micara, tapa bolot yaiku ora siram sajeroning wektu tertentu, tapa ngidang yaiku nyingkir ana satengahing alas, tapa ngramban yaiku mangan wit-witan ana sajeroning alas, tapa ngambang yaiku kungkum ana kali, tapa ngeli yaiku semedi kanthi nuruti milining banyu kali, tapa tilem yaiku turu ing sajeroning wektu tertamtu, tapa mutih yaiku mangan sega putih wae, tapa mangan yaiku ora turu lan oleh mangan sajroning wektu tertamtu.
Awit saka owah gingsire jaman, jenis tapabrata kang kasebut ing duwur saiki panindake uga wis berubah. Tapabrata kang ditindakake wong Jawa saiki umume awujud pasa. Kayata pasa orang mangan panganan tartamtu, nepi, pati geni, pasa ngrowot yaiku mangan jenis ubi-ubian, pasa mutih, pasa senen-kemis, melek wengi, lan kungkum. Jenis prihatin kaya kang kasebut tundane amung siji kang baku, yaiku ikhtiare manungsa supaya cedhak marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Lire kanthi cedhak marang Gusti kapercaya luwih bisa ngedohi utawa nyingkiri wewaler lan nindakake laku bebener tumrah urip bebrayan, lan mawa tujuan kasembatan apa kang dadi gegayuhaning manungsa kang seneng tapabrata.
Muga-muga kanthi nindakake tapabrata, utamane ngleksanakake kewajiban pasa Romadhon iki kita (para titah) bisa tambah iman lan tambah sadar apa sejatine urip iki, menyang ngendi tujuan urip iki, lan kanggo apa urip iki?

Semarang, 24 Oktober 2003

Perihal muhammadjazuli
saya pengajar di FBS Universitas Negeri Semarang. Untuk Menghubungai saya di 081 325 7229 29 atau di 024 850 8074

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: